Jabur 83
Masmur anggitane Asaf: sawijining kekidungan.
(83-2) Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kendel
mugi karsaa ngandika, saha sampun nganggur, dhuh Allah!
(83-3) Amargi mengsah Paduka sami gumuruh,
tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami nglangak kumethak,
(83-4) sami ngrantam paekan nglawan Paduka,
sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi.
(83-5) Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa iku
supaya jenenge Israel ora kocap maneh!”
(83-6) Saestu, sampun sami ngrantam kalayan saiyeg,
sami damel prajanjian nglawan Paduka:
(83-7) Para ingkang sami manggen ing kemahipun bangsa Edom, lan Ismael,
Moab kaliyan Hagar,
(83-8) Gebal lan Amon tuwin Amalek,
Filisti sesarengan kaliyan tiyang ing Tirus,
(83-9) ugi Asyur sami manunggil kaliyan tiyang-tiyang wau,
sami dados bebantunipun darah Lut. (Selah)
(83-10) Sedaya punika sami kadamela kadosdene bangsa Midian,
kados Sisera tuwin Yabin wonten ing sacelakipun lepen Kisyon,
(83-11) ingkang sampun sami katumpes wonten ing Endor,
sami dados rabuking siti.
(83-12) Para pangagengipun sami kadamela kados Oreb kaliyan Zeeb,
saha sakathahing pemimpinipun kados Zebah lan Salmunah,
(83-13) ingkang sami wicanten: “Payo padha ngejegi
papan-papan padalemaning Allah.”
(83-14) Dhuh Allah kawula, tiyang punika sami kadadosna kados dhedhak ingkang mabul-mabul,
kados mrambut ingkang kabur ing angin.
(83-15) Kados latu ingkang mbesmi wana,
saha kados urubing latu ingkang nggesengaken redi-redi,
(83-16) sami kaoyaka kaliyan prahara Paduka,
tuwin kadamela kaget kaliyan lesus Paduka.
(83-17) Rainipun sami kasasabana ing wirang,
supados sami ngupadosana asma Paduka, dhuh Yehuwah.
(83-18) Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun,
sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,
(83-19) supados sami sumerepa, bilih namung Paduka ingkang asma Yehuwah,
Ingkang Mahaluhur tuwin misesani ing salumahing bumi.