:

Yesaya 56

Karahayon iku kanggo wong kabeh 1

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:

Sira padha netepana angger-angger lan njejegna kaadilan,

awit sadhela engkas karahayon

kang saka Ingsun wus bakal teka,

sarta kaadilaningSun bakal kalairake.

2

Rahayu wong kang nglakoni,

lan anaking manungsa kang nggondheli iku,

kang netepi dina Sabat lan ora dinajisake,

sarta kang mekak awake aja nganti nindakake sadhengaha piala.

3

Aja nganti wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah iku celathu:

“Pangeran Yehuwah mesthi bakal misah aku saka umate,”

sarta aja nganti wong kebiren muni:

“Aku iki satemene wit kang garing.”

4

Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:

“Para wong kebiren kang padha netepi dina-dina SabatingSun

lan kang padha milih apa kang Sunkarsakake

sarta kang gondhelan marang prajanjianingSun,

5

iku ana ing padalemaningSun

lan ana ing wewengkoning tembok-tembokingSun

bakal Sunparingkae tandha pengetan lan jeneng

-- iku luwih becik katimbang karo anak lanang utawa wadon, --

sawijining jeneng kang langgeng kang ora bakal sirna

bakal Sunparingake marang wong-wong iku.

6

Anadene para wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah

prelu ngladosi Panjenengane,

lan nresnani asmaning Sang Yehuwah

sarta sumedya ngabdi marang Panjenengane,

kabeh kang netepi dina Sabat lan ora najisake,

tuwin kang gondhelan marang prajanjianingSun,

7

iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang suci

lan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun.

Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehan

kang kacaosake ana ing misbyahingSun,

awit padalemaningSun bakal sinebut

dalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.

8

Mangkene pangandikane Pangeran Allah

kang nglempakake para wong Israel kang kabuwang:

Ingsun bakal nglempakake wong maneh

Sunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.”

Para pemimpin kang duraka 9

He sakehe kewan ing ara-ara,

he sakehe kewan ing alas,

padha mrenea lan padha mangana!

10

Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta,

kabeh padha ora ngreti apa-apa;

kabeh iku asu bisu,

kang ora bisa njegug;

padha keklemprakan kalawan ngalamun

sarta mung padha seneng turu bae;

11

asu-asu kang srakah,

kang ora tau krasa wareg.

Mangka iya wong-wong iku kang padha dadi pangon,

kang padha ora bisa neniteni!

Padha lumaku ing dalane dhewe-dhewe kabeh,

siji-sijine padha mburu kauntungan,

ora ana kang ora mangkono.

12

“Mrenea,” mangkono celathune,

“aku arep njupuk anggur,

ayo padha ngombe arak kang akeh;

sesuk bakal padha karo dina iki,

malah luwih dening ngedab-edabi!”

Link: