:

Yesaya 57

1

Wong bener tiwas,

lan ora ana wong siji-sijia kang maelu;

wong mursid padha kajabut nyawane,

tuwin ora ana wong siji-sijia kang mreduli;

sanyata, marga saka sumrambahe piala,

nyawane wong mursid kajabut,

2

nanging banjur lumebu ing papaning katentreman;

wong kang urip kalawan ati kang lurus

bakal oleh palereman ana ing paturone.

3

Nanging sira kabeh iku padha nyedhaka mrene,

he para anake wong wadon juru tenung,

he turune wong kang laku jina

lan wong wadon tunasusila!

4

Sira padha nganggo gegojegan sapa,

sapa kang padha sira celathoni kalawan tetembungan kang ora-ora

lan kang sira erang-erang iku?

Apa sira kabeh iku dudu anaking wong mbalela,

turuning wong cidra?,

5

he para wong kang padha kaobong dening hawa-nepsune ana ing sacedhake wit-wit kang kramat,

ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel,

he para wong kang nyembeleh bocah ana ing lebak-lebak,

ing sela-selaning tengger parang.

Nyembah brahala ateges laku jina 6

Sira mung kadunungan watu-watu kang klimis kang saka ing kali,

lan iya mung iku kang katemtokake tumrap sira;

iku uga padha sira wenehi kurban unjuk-unjukan,

lan sira ladeni kurban dhaharan.

Apa Ingsun bakal nyabari kang mangkono iku?

7

Sira mrenahake paturonira

ana ing gunung kang dhuwur lan munggul

tuwin sira uga banjur munggah ing gunung kono

prelu ngladekake kurban sembelehan.

8

Sira ndekek lambanging brahalanira

ana ing dhempeling lawang lumebu ing omahira,

malah sira wus ninggal Ingsun

lan cucul sandhangan babar pisan,

sira wus ngunggahi tuwin ngambakake paturonira;

sira wus nganakake prajanjian karo wong sawatara kang sira karepake

sira ajak sapaturon

sarta sira ngawasake palanangane.

9

Sira marani Molokh kalawan nggawa lenga tuwin wewangen akeh;

para kongkonanira padha sira lakokake nganti adoh,

nganti tekan ing ngisoring jagading wong mati.

10

Marga saka anggonira lumaku adoh iku sira banjur wus kesel lan lesu,

nanging sira ora muni: “Ora ana pangarep-arep!”

Sira oleh kakuwatan maneh,

mulane sira ora dadi sayah.

11

Sapa ta kang marakake sira giris lan wedi,

dene sira nganti cidra

lan ora eling marang Ingsun

utawa banjur ora mreduli marang Ingsun?

Apa ora marga saka anggoningSun kendel bae

lan ngeremake paningalingSun,

sira nuli ora wedi marang Ingsun!

12

Ingsun arsa mratelakake kamursidanira

lan sakehing panggawenira,

nanging iku kabeh tumrap sira ora ana gunane:

13

samangsa sira sesambat,

para brahalanira kareben ngluwari sira!

Iku bakal padha kabur ing angin,

sarta padha kasirnakake dening sumentoring abab.

Nanging wong kang ngayom marang Ingsun bakal tampa warisan bumi

lan bakal ndarbeni gunungingSun kang suci.

Tembung-tembung panglipur 14

Ana kang ngandika:

“Bukaken, bukaken, nyawisna dalan,

singkirna watu sandhungan kang ana ing dalaning umatingSun!”

15

Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya,

kang lenggah ing dhampar ing salawase

lan kang asma Kang Mahasuci:

“Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci

nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor,

prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor

sarta nguripake atine para wong kang rempu.

16

Amarga Ingsun ora bakal padudon ing salawase,

lan ora bakal terus duka,

supaya semangate wong aja nganti lemes lesu ana ing ngarsaningSun,

mangka iya Ingsun kang nitahake napasing urip.

17

Ingsun duka marga saka durakaning srakahe,

banjur Sunrangket, Ingsun nyingidake pasuryaningSun lan duka,

nanging dheweke banjur murtad,

lumaku ing dalan kang dadi pilihaning atine.

18

Ingsun wus nguningani sakehe dalane iku,

ewasamono bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntun

tuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur;

uga ana ing lambene wong-wonge kang padha prihatin

19

Ingsun bakal karya pepujian.

Tentrem, tentrem rahayu marang

wong kang adoh lan kang cedhak

-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --

sarta kang bakal Sunwarasake!

20

Nanging para wong duraka iku kaya sagara kang ngombak-ombak

amarga ora bisa lestari tentrem,

sarta iline ngumbulake rereged lan endhut.

21

Wong duraka iku ora kadunungan katentreman,”

mangkono pangandikane Gusti Allahku.

Link: